opo aku iki pantese mung dilarani
opo pancen aku iki wes ra ana seng ngerteni
mergo salah tresna dadine kok malah lara
jebule tresnamu kanggo wong lia
aku lan sliramu wes nate ngucapke janji
ora bakal ninggal lara lan gawe gelane ati
nanging kahanane aku kudu kuat nrima
kasunyatan salah tresna ninggalke lara
nangis aku iki merga kahanan seng ana
salah tresna karo wong seng trak perjuangna
duh gusti paringana kula kuat ati
anggonku ngadepi lelakon urip iki
opo pancen iki wes dadi takdire gusti
yen sliramu wes ora isa bali ngancani
kasunyatan salah tresna ninggalke lara
bakal tak trima kanthi ikhlas legowo