Abyoring candra kumerlaping lintang jebul mung sagebyaring thathit
Mendhung ngenguwung peteng dadya kamprung, mung kari suwung tumlawung
Tan na cahya kang kuwawa madhangi
Sirna endahe mung kari nyenyete
Ilang sengseme mung kari sepane
Murca panglereme rasa, sirna jejampine cuwa
Semburat bang surya kang nedheng gumlewang
Panjerina ngrowangi lingsire candra
Aweh daya surem peteng ing nala
Kalimput kasempyok ing tirta asmara
Nganan ngering ron klapa katiyuping angin
Maweh nala kataman kingkin prihatin
Njerit sora panalangsane batin
Rina wengi wayangmu tansah sumandhing
Paras manis gawe tangis
Ati prasasat kaya kairis-iris
Lara branta jroning driya
Murup mubyar angobar pindha dahana
Bisa sirna yen ndika kang weh usada
Dhuh nimas pujaningwang
Aja sira mbalenjani
Apa dosane pun kakang
Teka tega ninggalake
Nganan ngering ron klapa katiyuping angin
Maweh nala kataman kingkin prihatin
Njerit sora panalangsane batin
Rina wengi wayangmu tansah sumandhing
Paras manis gawe tangis
Ati prasasat kaya kairis-iris
Lara branta jroning driya
Murup mubyar angobar pindha dahana
Bisa sirna yen ndika kang weh usada
Paras manis gawe tangis
Ati prasasat kaya kairis-iris
Lara branta jroning driya
Murup mubyar angobar pindha dahana
Bisa sirna yen ndika kang weh usada
Bisa sirna yen ndika kang weh usada