IBU
Tak titipno tembang bekti iki nang ngarsane Ibu
Yen Gusti takon sopo nang ndonyo iki
Wong sing paling tak tresnani
Sing ngukir jiwo rogpku Toh nyowo nglairno aku
Kebak welas tanpo wates tanpo wales
Kabeh lelakon kabeh loro ora mbok roso
Nggembol aku sangang sasi sepuluh dino
Sabar ngadepi nakalku nyepurani salah polahku
Nambani loro awak ku nyemangati naliko aku tanpo doyo
Reef;
Ibu asihmu koyo padang lintang nang angkoso
Nggawe endah ndonyo sumunar koyo srengenge
Ibu tresnamu koyo jero jembaring samudro
Among eseem lan gemuyumu kang gawe padang atiku
Ibu dongamu tansah angiring gegayuhanku
Dongo ibu kang tulus lan suci ngiringi lakuku
Sewu atur ora bakal cukup
Bondo ndonyo kabeh ora biso nutup
Kanggo nggenti katresnanmu kanggo ngijoli jasamu
Sungkem bekti tresnoku kagem Ibu
Ibu nyuwun pangapuramu aku among biso dedongo
Mugi Gusti tansah paringo raharjo
Paring keselametan lan kawerasan kagem Ibu