GunturMadu
Sumbrembyaking rikma njalari getering nala
Hening heneng rumasuking jiwo
Ibo bungah yen gegandheng asta
Ngulandara lir puspa ginawa maruta
Tan uwal soko pikirku
Amung solah slaga lan wewayanganmu
Netra tajem seng tak pandeng sepisanan
Angrajut tuwuhing winih katresnan
Rum arum sumerbak wangimu
Lintang ngancani nggonku ngangen parasmu
Tan kuwawa onenging driya
Aku kanyut mring samudraning rasa
Aku gandrung mring esemu wong manis
Sorot netra gawe lingsem ndriya
Adem ayem kaya tetesing riris kang atis
Thathit smara nyamber thelenging nala
Siang pantaraning ratri kang sun pepuji mung kowe
Yekti kang ana ing ati amung koe wong ayu