
在手机上保存,获得更好体验
Lirik syair :
Senen manis tanggal telu likur juli
Taun sewu pitungatus seket sanga
Merga ridhone gusti kang maha kuwasa
Ngadeg jejek Kabupaten Purbalingga
Akeh banget papan sejarah lan tilas
Wilayaeh dibagi dadi wolulas
Kota kecamatan sing wis pancen jelas
Kabeh maju indah asri lan selaras
• Reff
Taman Reptil manggone neng Kutasari
Owabong dadi andalan Bojongsari
Kota dagang terkenale Bobotsari
Karang Reja andalane hasil tani
Rembang kuwe lahire Jendral Soedirman
Bukateja panggonan bandar udara
Pusat kota Pendapa Dipakusuma
Ngulon stitik Kecamatan Padamara
Kalimanah Kemangkon terus Kaligondang
Kejobong Pengadegan terus Karang Moncol
Karang Jambu Karang Anyar Kertanegara
Ngidul mepet ana kecamatan Mrebet
Prasetyaning Nayaka Amangun Praja
Kuwe wujud tekade wong Purbalingga
Wiwit purwa madya tumeka wasana
Purbalingga selawase mesti jaya
** Yoo.. Yoo.. Yoo pada bersatu
Kotane indah nyaman perwira selalu
Gede cilik tua enom pada nyawiji
Mbangun kota gotong royong masyarakate
• Kembali ke Reff